Friday, September 14, 2018

Materi ke-1 Bahasa Jawa Kelas 7 Semester Gasal

TEKS NARASI TENTANG PERISTIWA

KI Pengetahuan :

KD 3.1 Memahami isi teks narasi tentang peristiwa atau kejadian.

Indikator 3.1.1 Mengartikan kata-kata sulit dalam teks narasi tentang peristiwa atau kejadian

Indikator 3.1.2 Menjawab pertanyaan berdasarkan teks narasi

KI Keterampilan :

KD 4.1 Menulis ringkasan teks narasi tentang peristiwa atau kejadian.

Indikator 4.1.1 Mampu menulis ringkasan sesuai dengan teks narasi tentang peristiwa atau kejadian

Antarane wong siji lan sijine mesthi duwe crita dhewe-dhewe


A.   Kawruh lan Titikane Paragraf Karangan Narasi sarta Tuladhane
Paragraf narasi yaiku wujud wacana kang mbudidaya nggambarake kanthi sagamblang-gamblange marang para pamaca sawijine kedadean kanthi urutan lan sawijine wektu tartamtu (Gorys Keraf, Argumentasi dan Narasi 189: 136). Cekakipun paragraph narasi minangka jinis karangan kang ngandharake sawijine kedadean adhedhasar urutan wektu. Karangan iki bisa awujud paragraph utawa certa nyata sing tenan-tenan dumadi utawa mung karangan fiktif asipat khayalan kaya novel, roman, lan cerkak.

Titikane paragraf narasi
Kanggo mbedakake karangan naratif karo karangan liyane kita bisa naliti kanthi nggatekake titikan iki:
  1. Underan karangan naratif yaiku kisah/ nyritakake kedadean
  2. Nggambarake tumindak kang dumadi ing sawijine wektu tartamtu
  3. Nduweni paraga kang dcritakake
  4. Nduweni alur utawa plot sajrone ngandharake

Jinis paragrap narasi
1. Paragraf Narasi Ekspositoris
Yaiku paragraf narasi kang nggambarake rerangkening tumindak kanthi “informatif” lan tujuane menehi kawruh. Paragraf jinis iki nyritakake prastawa kang tenan-tenan dumadi utawa nonfiksi kaya wujud biografi lan autobiografi. Saben tahapan ing narasi ekspositoris diandharake kanthi basa kang informatif kanthi underan ing panganggone tembung kang nduweni teges denotatif/ nyata lan mentingake nalar.
Tuladha Paragraf Narasi Ekspositoris:
Nalika dina Jum’at, 6 Februari 2004 dumadi gempa tektonik kang mbuncang wewengkon Kabupaten Nabire Provinsi Papua. Buncangan kang susul-sumusul nganti kaping nem iku dumadi suwene rong jam. Lindhu kanthi kekuwatan 6,91 skala richter iku nyebabake sethithike wong cacah 26 tiwas, 34 tatu abot, lan 66 tatu entheng. Buncangan banter iki nyebabake lemah longsor lan mletheke landhesan pacu bandhara kono.

2. Paragraf Narasi Sugestif

Yaiku paragraf narasi kang nggambarake rerangken tumindak kanthi maneka cara kanthi tujuan ngrangsang daya khayal/ imajinasi pamaca kaya wujud cerkak lan novel. Jinis paragraph iki biyasane akeh nggunakake basa lan tembung-tembung pepindhan.
Tuladha Paragraf Narasi Sugestif:
Prastawa iku kedadean kang wis dumadi utawa kelakon. Prastawa iku maneka warna. Ana sing nyenengake, nrenyuhake, ana uga sing gawe sedhih. Prastaw sinhg nyenengake umpamane menang dadi juwara ing sawijining lomba, peresmian sawijining kreteg sing ngubungake sawijining panggonan karo panggonan liyane, lan liya-liyane. Prastawa sing nrenyuhake tuladhane ketemu kulawarga sing dipisahake utawa ilang merga bencana alam kaya Tsunami, bisa uwal saka kacilakan, lan liya-liyane. Dene prastawa kang gawe sedhih umpamane katut dadi kurban bencana alam, kelangan sedulur, lan liya-liyane.
Kedadean-kedadean sing wis kelakon bisa nyadharake manungsa dadi luwih mawas dhiri. Jalaran ana kalane sawijining prastawa iku kelakon kedaden merga saka ulahe manungsa dhewe kang kurang nrima utawa kurang pangati-ati. Menawa wis klakon kaya mengkono, manungsa banjur lagi eling marang panguwasane Gusti Allah kang tanpa tandhing. Ing pasinaon iku kowe arep diajak nyinau basa lumantar tema prastawa. Kanthi pangajab kowe bisa nyinau basa jawa, lan bisa ngemutake sapa bae marang panguwasane Gusti Allah kang tanpa tandhing. Ayo disinau kanthi temen!

Perangane Teks Naratif
Teks naratif kaperang dadi 3 perangan yaiku:
Orientasi, yaiku pengarang wiwit ngenalake paraga crita lan kapan dumadine crita utawa kedadean mau.
Komplikasi, yaiku paraga utama ing crita mau wiwit oleh godha, alangan, rintangan utawa konflik.
Resolusi, yaiku prakara kang diadhepi dening para paraga crita kasebut wiwit diudhari lan pungkasaning crita mau (akhir crita), dipungkasi kanthi rasa seneng (happy ending), apa kanthi sedhih (sad ending).

Contoh Teks Narasi
Wacan 1
Didhawuhi Ibu Guru
Pinuju ngaso Ibu Guru Yayuk nimbali Martini. Martini didhawuhi njupukake buku kang keri ana ing meja guru. Ibu Yayuk ngendika, “Tini, mrenea sedhela!” Sing ditimbali age-age mara nyedhak, ngadeg jejeg, tangane tumata, ngapurancang, polatane sumeh, banjur matur, “Punapa Ibu?” Anggone matur Martini swarane lirih, nanging cetha, lagune luwes kepenak.
Ibu Yayuk mbacutake ngendikane, “Jupukna buku ing meja guru!” Sing didhawuhi enggal-enggal njupuk buku, nuli bali matur, “Punika, Ibu.” Matur mangkono iku karo ngaturake buku, awake rada mbungkuk. Dene buku kang diaturake kuwi sadurunge wis diwalik. Dadi, samangsa Ibu Yayuk nampani, terus bisa maca tulisane, ora usah diwalik.
Ibu Yayuk nampa buku, mustakane manthuk sethithik, karo ngendika, “Ya, matur nuwun.” Martini matur, “Sami-sami.” Ibu Yayuk nuli minger tindak menyang kantor kepala sekolah.
Cerita iki aweh pitutur marang para siswa yen ditimbali guru kudu enggal-enggal mara nyedhak banjur matur “Dalem, Pak/Bu”. Saliyane iku siswa anggone matur marang guru kudu migunakake basa krama kang becik. Kejaba matur kanthi basa krama, nalika matur uga becike tangane ngapurancang. Yen didhawuhi guru kudu enggal dilakoni. Pitutur liyane yaiku yen ngaturake barang kaya buku, pulpen, utawa majalah becike diwalik luwih dhisik supaya bapak utawa ibu guru langsung bisa nganggo utawa maca.

Wacan 2
Longsor Banjarnegara
Ora maido, manut pranata mangsa Jawa, wulan Desember iku mesthi pas mangsa rendheng lan mangsa akeh-akehe udan. Ing endi-endi anane mung udan, udan lan udan.
            Semono uga kang kedaden ing wilayah Jawa Tengah iring kidul, cethane ing tlatah Banjarnegara sakupenge. Dina Kemis, tanggal 11 Desember 2014 wiwit esuk ora ana sunaring srengenge babar pisan. Masarakat Dusun Jemblung, Desa Sampang, Kecamatan Karang Kobar, Kabupaten Banjarnegara kang mapan ana ing ereng-erenge punthuk Tlagalele sasat ora ana kang metu saka omah. Nganti dina Jemuwah esuk, kajaba srengenge durung katon jumedhul, udane uga isih terus tumiba nelesi bantala.
            Kira-kira antarane jam setengah telu, udane wiwit terang. Banyu kang tumiba mung kari tlethik arang-arang. Udakara jam lima sore, tanpa ana tandha kang cetha, dumadakan keprungu swara kumrosak, gumebrug rame. Ereng-erenge punthuk Tlagalele kang mapan ana ing sandhuwure Dusun Jemblung, dumadakan longsor-ambrol. Omah-omah padha ambruk ketendhang longsoran lemah campur lendhut. Wit-witan uga akeh kang ambruk, rungkat saoyot-oyote. Saperangan padha bisa slamet, dene saperangan meneh kurungan lemah campur lendhut.
            Ing wektu sakeplasan, masarakat Dusun Jemblung padha kelangan omah, banda donya lan uga akeh kang kelangan sedulur-sedulure. Omah-omah kang ambruk lan kurugan longsoran iku saperangan ana kang katut saisine sing manggoni. Miturut katrangane petugas BPBD (Badan Penanggulangan Bencana Daerah), gunggunge korban kabeh ana cacah 108 jiwa kang kekubur ing jugrugan ereng punthuk Tlagalele.
            Ing wanci iku uga tim SAR kang dibiyantu dening masarakat sakiwa tengene Dusun Jemblung lan Relawan saka ngendi bae enggal-enggal padha aweh pitulungan. Masarakat kang slamet padha diungsekake, kang tatu padha diobati, lan sing ilang utawa kurugan lemah longsoran digoleki.
            Merga akehe korban kang kurugan lemah longsoran, presiden Indonesia Bapak Ir. H. Joko Widodo merlokake tindak mertinjo menyang Dusun Jemblung. Panjenengane paring dhawuh marang Gubernur Jawa Tengah Bapak Ganjar Pranowo supaya paring pitulungan lan pambiyantu apa bae kanggo mitulungi lan nylametake korban longsor Dusun Jemblung. Saliyane iku, Bapak Joko Widodo uga paring dhawuh supaya masarakat Dusun Jemblung direlokasi menyang papan liya kang luwih aman.
            Dina kaping sepuluh sawise kedadean longsor, BPBD (Badan Penanggulangan Bencana Daerah) kanthi resmi ngendhegake budi daya nggoleki korban kang isih durung ditemokake. Manut cathetan resmi, korban kang kasil ditemokake ngunggunge kabeh ana 97 korban, dene sing ora bisa ditemokake cacahe ana 11 jiwa.
            Prastawa iki menehi pitutur marang kita supaya luwih ngati-ati lan waspada, luwih-luwih ing papan kang rawan bencana. Becike yen ngedegake omah ora ing ereng-ereng punthuk. Saliyane iku, aja padha nggudhuli alas. Kudu gelem mbiyantu wong liya yen lagi kesusahan. Dadi pimpinan kudu tansah nggatekake marang rakyate.

Wacan 3
Pesawat Air Asia QZ 8501 Ilang
            Dina Minggu, tanggal 28 Desember 2014 wanci jam 05.20 esuk pesawat Air Asia QZ 8501 kang ngemot penumpang 155 uwong take off saka Bandara Juanda Surabaya. Jumlah penumpang 155 uwong iku dumadi saka 138 wong diwasa, 16 bocah, lan bayi 1. Pesawat jurusan Surabaya-Singapura iku budhal dipiloti dening Kapten Irianto lan Co Pilot Remi Emmanuel Plesel kang dibiyantu dening pramugari cacah 4 lan teknisi mesin . kanthi mengkono gunggunge penumpang lan awak kang ana ing pesawat iku kabeh ana 162 uwong.
            Miturut jadwal penerbangan, pesawat Air Asia iku bakal landing ing Bandara Changi, Singapura wanci 08.30 wektu Singapura. Emane, pesawat jenis Airbus A320-200 kanthi nomer penerbangan QZ 8501 lagi bae mabur suwene 41 menit wis ilang tanpa lacak. Dinuga ilang tanpa lacake pesawat Air Asia QZ 8501 iku amerga masalah kahanan cuaca kang ala ing wektu iku. Pancene ing wayah usum udan ngene iki, kahanan cuaca kang ala lan ora kepenak kanggo pesawat kang ngawiyat utawa mabur kerep dumadi. Ana kalane merga kahanan cuaca kang ala, akasa dikebaki pedhut kang ndadekake pilot ora bisa weruh kahanan ing sakiwa tengene. Saliyane iku, pedhut kang nggembuleng uga bisa ndadekake ice heating (mesin mati merga kadhemen) sing mbebayani banget kanggo pesawat kang lagi ngawiyat.
            Miturut palapurane petugas menara kontrol ing Bandara Internasional Soekarno-Hatta Jakarta, pungkasan komunikasi pesawat Air Asia QZ 8501 karo menara kontrol dumadi jam 06.17, nalika Pilot Kapten Irianto njaluk ijin munggah saka dhuwuring pesawat 32.000 kaki menyang 38.000 kaki merga ngindari cuaca kang ora kepenak kanggo aburing peaswat. Sabubare komunikasi iku, menara kontrol kelangan lacak aburing pesawat Air Asia QZ 8501. Ya wiwit wektu iku pesawat dinyatakake lost contact utawa ilang.
            Sawise nampa palapuran ngenani kedadean kang dialami dening pesawat Air Asia yaiku lost contact utawa ilang sawise mabur udakara 40 menit saka Bandara Juanda Surabaya tumuju menyang Bandara Changi, Singapura. Badan SAR Nasional (Basarnas) mbudidaya nggoleki. Kanthi koordinasi karo TNI Angkatan Laut Basarnas enggal-enggal nuju menyang segara ing pangkalan Bun, Kalimantan kang dunuga mujudake titik akhir ilange pesawat Air Asia QZ 8501.
Basarnas lan TNI Angkatan Laut anggone nggolekki ora mung migunakake kapal laut thok, nanging uga migunakake kanggo ngematake kahanan segara saka akasa.

1 comment: