Kawruh Sapala Ngenani Wayang
Wayang
iku salah sijine budaya tinggalane leluhur. Jinise wayang iku werna-werna, ana
sing wujude wayang kulit, wayang golek, wayang wong, lan liya-liyane. Ing
biyene wayang iku minangka sarana panglipur (hiburan), nanging seprene
hiburan wayang iku kalah karo hiburan-hiburan liyane kang wis nengenake
teknologi lan modernisasi. Babon crita wayang iku ana loro, yaiku Ramayana lan
Bharatayuda. Kekarone mujudake crita peperangan. Ramayana nyritakake perange
antarane Prabu Rama saka Keraton Pancawati mungsuh Prabu Rahwana utawa Dasamuka
saka Keraton Ngalengkadiraja amarga Rahwana wis wani nyolong (menculik)
Dewi Sinta, garwane Prabu Rama. Dene Bharatayuda iku nyritakake perange antarane
Pandhawa mungsuh Kurawa. Perange Pandhawa lan Kurawa iku jalaran rebutan negara
Ngastina.
Cerita
wayang Ramayana lan Bharatayuda iku asale saka India. Ramayana dikarang dening
Empu Walmiki, dene Bharatayuda dikarang dening Resi Wiyasa. Banjur nalika ing
jaman Walisanga, ceritane rada diowahi dening Sunan Kalijaga minangka sarana
dakwah Islam.
Paraga-paraga
ing crita Ramayana iku akeh banget. Wadyabala kang nyengkuyung (mendukung)
Prabu Rama yaiku Lesmana Widagda, Gunawan Wibisana, Sugriwa, Anoman, lan kabeh
wadyabala kethek. Dene kang nyengkuyung Rahwana yaiku Kumbakarna, Prahastha,
Sarpakenaka, Indrajit, lan kabeh wadyabala buta (kaum raksasa). Gunawan
Wibisana iku jan-jane adhine kandhung Rahwana nanging bebela marang Rama amarga
dheweke duwe keyakinan yen Rama iku bener dene kakange salah. Kumbakarna lan
Sarpakenaka iku uga adhine Rahwana. Kekarone tetep mbelani kakange senajan
salah. Ananging Kumbakarna ora mbelani kakange nanging mbelani negarane.
Kumbakarna akhire gugur ing tangane Lesmana Widagda.
Pungkasane Prabu Rama
unggul ing ayuda (menang) ngalahake Rahwana ananging Rahwana kang duwe
ajian pancasunya ora bisa mati. Rahwana ditibani Gunung Sukasari supaya ora
bisa lunga lan ora gawe kacilakan maneh.
Rama Tundhung
Prabu
Dasarata jumeneng nata ing Keraton Kosala. Kutharajane (ibukota) ing
Kutha Ayodya. Sang Prabu kagungan garwa cacah telu, Dewi Kusalya, Dewi Kekayi,
lan Dewi Sumitra. Kaliyan Dewi Kusalya Sang Prabu peputra Raden Ramawijaya,
kaliyan Dewi Kekayi peputra Raden Barata, dene kaliyan Dewi Sumitra peputra
kembar Raden Lesmana Widagda lan Raden Satrugna. Nalika para putra wis ngancik
diwasa, Raden Rama kang minangka putra barep mupu (melu) sayembara ing Keraton
Manthili. Nalika kuwi Keraton Manthili diasta dening Prabu Janaka. Sayembara
Keraton Manthili yaiku sapa kang bisa menthang gadhewa pusaka (busur panah
pusaka), bakal oleh ganjaran didhaupake (dinikahake) kelawan putri Keraton
Manthili kang ayu sulistya aran Dewi Sinta. Raden Rama kasil menangake
sayembara lan didhaupake kelawan Dewi Sinta. Dewi Sinta banjur diboyong menyang
Ayodya.
Tumeka
ing Ayodya, Raden Rama lan Dewi Sinta disambut meriah dening para kawula. Raden
Rama kang minangka putra barep arep diwisuda minangka Prabu Anom (putra
mahkota) ing Keraton Kosala, tegese yen Prabu Dasarata seda, Raden Rama
kang wenang ngganteni kalungguhane Prabu Dasarata.
Nanging
kekarepan iku cabar (gagal) awit pepenginane Dewi Kekayi. Dewi Kekayi
nyuwun supaya Raden Barata kang diwisuda minangka Prabu Anom ing Kosala. Ora
mung kuwi, Dewi Kekayi uga nyuwun supaya Raden Rama ditundhung (diusir)
saka Keraton Kosala. Sang Prabu Dasarata kepeksa nyaguhi pepenginan kuwi amarga
Sang Prabu nate utang nyawa marang Dewi Kekayi.
Kanthi
abot ing penggalih (berat hati), Sang Prabu Dasarata nelakake kahanan
kuwi marang putrane, Raden Rama. Raden Rama kang awatak satriya lega lila nampa
putusane Sang Prabu. Raden Rama nglilakake kalungguhane minangka calon Prabu
Anom lan sagah ninggalake Keraton Kosala. Mbrebes mili Prabu Dasarata mirsani
pasuryane (wajahe) putrane, Raden Rama.
Raden Rama ngumbara (mengembara)
ninggalake kamukten ing Keraton Kosala. Raden Rama didherekake dening garwane,
Dewi Sinta, lan adhine, Raden Lesmana Widagda.
Kidang Kencana
Lakune
Raden Rama, Dewi Sinta wis tumeka ing Alas Dhandhaka. Senajan urip kanthi
prasaja lan prihatin sarta sarwa apa anane, nanging tetelune ora nate sambat.
Kahanan kuwi ditrima kanthi lega lila minangka pacobaning urip. Dewi Sinta ora
aleman senajan urip ing alas. Dheweke wiis rumangsa bungah sauger bisa tansah
sesandhingan karo garwane, Raden Rama.
Ing
sawijining dina, ana kidang kencana kang elok banget rupane. Dewi Sinta kepencut
marang kidang kuwi. Sang Dewi kepengin nduweni. Nanging amarga mung wong wadon
kang sandhang panganggone rada ribet, mula ora bisa nyekel kidang kuwi. Dewi
Sinta sambat marang garwane, nyuwun supaya dicekelake. Raden Rama sagah nyekelake
kidang kencana kuwi minangka kelangenane (peliharaan) Dewi Sinta. Raden
Rama meling supaya Lesmana bisaa njaga keslametane Dewi Sinta. Raden Rama
banjur ninggalake Dewi Sinta lan Lesmana saperlu ngoyak playune kidang kencana.
Kidang
kencana kuwi sabenere Kala Marica kang memba-memba (menyamar). Kala
Marica diutus dening Prabu Rahwana saka Keraton Ngalengka. Prabu Rahwana
kepencut marang kasulistyane (kecantikan) Dewi Sinta. Dewi Sinta iku
titisane Bathari Widawati. Prabu Rahwana kepengin nggarwa Dewi Sinta kamangka
Dewi Sinta wis dadi garwane Raden Rama. Dene Raden Rama iku titisane Bathara
Wisnu.
Rahwana
kepengin nyolong Dewi Sinta, nanging isih ana Lesmana kang njaga Dewi Sinta.
Rahwana banjur ethok-ethok mbengok njaluk tulung supaya dikira Raden Rama kang
njaluk tulung. Dewi Sinta kang tresna banget marang garwane rumangsa kuwatir,
banjur dhawuh marang Lesmana supaya enggal-enggal nulungi Raden Rama. Lesmana
ora gelem, amarga Lesmana yakin yen swara kuwi dudu swarane Raden Rama.
Dewi
Sinta malah cubriya (curiga) marang Lesmana. Aja-aja Lesmana pancen
kepengin Raden Rama seda banjur bisa nggarwa Dewi Sinta. Lesmana ora trima
didakwa kaya mangkono. Lesmana banjur sumpah wadat (ora gelem
nduwe bojo selawase). Dewi Sinta banjur njaluk ngapura. Dewi Sinta ditinggali
rajah kalacakra kang ngubengi Dewi Sinta. Dewi Sinta diweling supaya aja metu
saka bunderan kuwi.
Dewi Sinta wis
dhewekan. Rahwana banjur kepengin nggondhol. Nanging saka ampuhe rajah kuwi,
Rahwana ora bisa ngliwati. Rahwana banjur memba-memba dadi wong tuwa lan
semaput. Dewi Sinta kang weruh rumangsa mesakake banjur arep nulungi nanging
ora krasa yen wis metu saka bunderan tinggalane Lesmana. Dewi Sinta kang wis
metu saka bunderan langsung digondhol Rahwana mebur ing akasa tumuju Keraton
Ngalengka.
No comments:
Post a Comment