Cupumanik Astagina
Ana ing pertapan Grastina, Resi Gotama madeg resi.
Resi Gotama kagungan cantrik utawa murid kang akeh cacahe. Resi Gotama kagungan
garwa asmane Dewi Indradi. Dewi Indradi iku biyene widadari ing kahyangan, kang diparingake para dewa marang Resi Gotama sawise tapa brata. Dhaup karo Dewi
Indradi, Resi Gotama peputra telu cacahe, siji wadon, loro lanang. Putrane Resi
Gotama sing sepisan Dewi Anjani, kapindho Guwarsa, katelu Guwarsi.
Sawijining dina, Dewi Indradi maringi pusaka cupumanik
astagina marang Dewi Anjani. Cupumanik astagina iku awujud kothak, menawa
dibuka bisa weruh kahanane jagad raya. Dewi Indradi weling marang Dewi Anjani,
yen arep migunakake pusaka kuwi sapa wae aja nganti weruh. Dewi Anjani seneng
banget diparingi pusaka kuwi. Saben dina dideleng kanthi sesidheman.
Nanging sawijining wektu, Dewi Anjani konangan dening
Guwarsa lan Guwarsi banjur dadi padu. Tetelune padha rebutan pusaka kuwi. Weruh
putrane padha tukaran, Resi Gotama banjur misah lan ngleremake.
“Wis, aja padha padu, karo sedulure kok padu ki piye?”
mangkono ngendikane Resi Gotama.
“Bapa boten adil dhateng putra-putranipun.” ature
Guwarsa.
“Guwarsa, apa karepmu? Kok sira bisa ngarani yen
bapakmu iki ora adil.” pitakone Resi Gotama.
“Mbakyu Anjani dipunparingi pusaka ingkang elok. Kok
kula kalih Dhimas Guwarsi boten?”
“Pusaka apa?”
“Boten mangertos. Mbakyu Anjani ingkang nyepeng.”
“Anjani, pusaka apa kang dikandhakke adhimu kuwi? Coba
nyilih. Bapa kepengin weruh.”
Kanthi mangu-mangu kecampur rasa ajrih marang bapake,
Anjani ngaturake pusaka cupumanik astagina. Resi Gotama kang nampani pusaka
kuwi banjur takon marang Anjani.
“Anjani, kowe kok bisa duwe pusaka iki, sapa sing
maringi?”
“I…Ibu, Bapa.”
“Ibumu? Coba undangen rene ibumu.”
Ora let suwe Dewi Indradi teka ing kono sawise
diparani Dewi Anjani.
“Garwaku Dewi Indradi, apa bener yen sliramu maringi
pusaka iki marang anakmu? Sliramu bisa nduwe pusaka iki saka ngendi?” pitakone
Resi Gotama marang Dewi Indradi karo nuduhake pusaka cupumanik astagina.
Dewi Indradi kebingungan lan ora wani atur wangsulan,
amarga sabenere Cupumanik Astagina iku pusaka kahyangan peparingane Bathara
Surya biyen nalika Dewi Indradi isih mapan ing kahyangan.
“Garwaku Dewi Indradi, pusaka cupumanik astagina iku
saka ngendi?” pitakone Resi Gotama rada banter.
Dewi Indradi tetep meneng lan ora mangsuli.
“Sepisan maneh taktakoni, Dewi Indradi, pusaka iki
saka ngendi?” Resi Gotama takon kanthi duka.
Dewi Indradi tetep ora mangsuli.
“Wong ditakoni kok ora jawab, kaya tugu.” mangkono
ngendikane Resi Gotama.
Sanalika Dewi Indradi dadi tugu saka watu.
Dewi Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi banjur tetangisan,
nyuwun supaya Resi Gotama murungake sabdane.
Resi Gotama wis kadhung duka lan ora kersa murungake
supatane marang Dewi Indradi. Kanthi isih nyepeng pusaka cupumanik astagina,
Resi Gotama takon marang para putrane.
“Apa kowe kabeh isih padha kepengin nduweni pusaka
iki?”
“Inggih, Bapa.”
“Iya. Bapa arep paring putusan kang adil. Pusaka iki
bakal tak uncalake sak adoh-adohe. Sapa kang bisa nyekel sepisanan, ya kuwi
kang wenang nduweni pusaka iki.”
Resi Gotama banjur nguncalake pusaka cupumanik
astagina. Pusaka kuwi nyemplung ing Tlaga Mandirda. Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi
padha age-age ngoyak parane pusaka kuwi. Playune tetelune wis adoh, wis tumeka
ing tlaga mandirda, papan dununge cupumanik astagina nyemplung.
Anjani ora wani nyemplung, mung raup wae, amarga kesel
lan sumuk. Dene Guwarsa lan Guwarsi langsung nyemplung wae ing tlaga mandirda.
Cupumanik astagina digoleki ora ketemu. Nalika mentas, Guwarsa lan Guwarsi
malih dadi kethek. Dene Dewi Anjani mung rai lan tangane wae sing kaya kethek.
Tetelune banjur nggetuni apa kang wis kedaden.
Tetelune banjur mulih ing pertapan Grastina lan nyuwun pangapura marang bapake.
Resi Gotama wis sareh, nanging tetep ora bisa mulihake wujude putrane kaya
asale.
Tetelune diwejang Resi Gotama supaya padha sareh,
ngleremake atine, lan bisa nampa pacobane Hyang Widhi kanthi iklas. Tetelune
didhawuhi tapa brata. Dewi Anjani didhawuhi tapa kungkum, Guwarsa dilih jenenge
dadi Subali lan didhawuhi tapa ngalong. Dene Guwarsi dilih jenenge dadi Sugriwa
lan didhawuhi tapa ngidang.
Dewi Anjani, Subali, lan Sugriwa ngestokake
dhawuhe bapake, tapa brata sinambi ngenteni tumurune wahyune para dewa.
Subali Sugriwa
Prabu Maesasura iku ratu raseksa kang wujude duwe
sungu kaya kebo. Prabu Maesasura jumeneng nata ing Keraton Guwa Kiskenda. Sang
prabu kagungan warangka nata utawa patih jenenge Patih Jathasura. Prabu
Maesasura duwe pepenginan arep nggarwa Dewi Tara ing kahyangan. Kekarepan kang
kaya mangkono ditampik dening para dewa. Para dewa paring wangsulan yen kabeh
kang tinitah iku duwe jatah dhewe-dhewe, bathara iku jodhone ya bathari,
manungsa kelawan manungsa, raseksa jodhone ya raseksi. Krungu kaya mangkono,
Prabu Maesasura abang kupinge. Kahyangan arep diobrak-abrik yen Dewi Tara ora
diulungake marang Prabu Maesasura.
Pranyata para dewa ora bisa nandhingi kasektene Prabu
Maesasura lan patihe. Bathara Guru minangka pangarsane para dewa banjur ndhawuhi
Bathara Narada turun ing ngarcapada golek jago kang bisa nandhingi kasektene
Prabu Maesasura dan Patih Jathasura.
Subali lan Sugriwa dipilih minangka jagoning para
dewa. Yen Subali lan Sugriwa bisa kasil merjaya Prabu Maesasura lan patihe,
bakal nampa kanugrahane para dewa didhaupake kelawan Dewi Tara. Subali lan
Sugriwa banjur tumuju ing Guwa Kiskenda. Subali arep mlebu guwa, dene Sugriwa
dihawuhi kakange supaya nunggoni ing ngarep guwa. Ing ngarep guwa, Sugriwa
diweling dening Subali. Yen mengko sing mili getih werna abang, ateges Subali
sing menang lan getihe Prabu Maesasura lan Patih Jathasura kang mili, nanging
yen sing mili getih werna putih, ateges Prabu Maesasura lan Patih Jathasura sing
menang lan iku getihe Subali sing mili. Yen Subali sing kalah, Sugriwa
didhawuhi supaya guwa ditutup wae nganggo watu gedhe. Sugriwa ngestokake
dhawuhe kakange.
Subali mlebu ing guwa banjur tetandhingan karo Prabu
Maesasura lan Patih Jathasura. Sepisanan Subali bisa mateni Prabu Maesasura,
nanging sawise Prabu Maesasura dilumpati Patih Jathasura, Prabu Maesasura bisa
urip meneh. Sabanjure Subali bisa mateni Patih Jathasura. Ora beda kelawan
Prabu Maesasura, sawise Patih Jathasura dilumpati Prabu Maesasura, Patih
Jathasura bisa urip meneh. Subali kuwalahan ngadhepi kasektene kekarone. Ing
batine Subali, “Prabu Maesasura lan Patih Jathasura kudu dipateni bebarengan,
nanging kepiye carane?”. Ing satengahe paperangan, Subali nyekel sirahe Prabu
Maesasura lan Patih Jathasura, banjur ditatapake. Sirahe Prabu Maesasura lan Patih
Jathasura pecah sanalika. Polone kececer nganti mili. Sing mili iku rupane
abang lan putih, abang amarga getihe Prabu Maesasura lan Patih Jathasura, putih
amarga rupa polone Prabu Maesasura lan Patih Jathasura.
Sugriwa kang nunggoni ing ngarep guwa, weruh getih
abang lan putih. Ing pangirane Sugriwa, Subali, Prabu Maesasura, lan Patih
Jathasura, mati bebarengan. Manut dhawuhe kakange, Sugriwa banjur nutupi guwa
nganggo watu gedhe. Sugriwa banjur atur palapuran marang Bathara Narada.
Rehning Subali wis kaanggep gugur, Sugriwa wenang nampani nugrahaning para dewa
yaiku didhaupake kelawan Dewi Tara.
Subali kebingungan nalika arep metu saka guwa. Nanging
kanthi kasektene kang linuwih, dheweke bisa nyingkirake watu gedhe kang nutupi
guwa. Subali nesu banget, amarga nganggep wis kapusan dening Sugriwa. Sugriwa
dianggep srakah dening Subali, kepengin nduweni dhewe peparinge para dewa,
tanpa ana sing nomer loro.
Nalika Subali kepanggih Sugriwa, tanpa basa basi,
Subali langsung njempalani Sugriwa. Subali rumangsa luwih wenang nampa
nugrahane para dewa. Sugriwa disiksa. Dicepit nganggo wit gedhe. Subali dhaup
kelawan Dewi Tara lan peputra Anggada. Subali madeg resi ing Guwa Kiskenda
jejuluk Resi Subali.
Pasiksan kang dirasakake dening Sugriwa iku
mataun-taun suwene. Nganti sawijine dina dheweke ditulungi dening Raden Rama. Sawise
ucul saka wit gedhe, Sugriwa nyeritakake apa kang dialami marang Raden Rama.
Semono uga Raden Rama, Raden Rama nyeritakake kedaden kang dialami marang
Sugriwa. Raden Rama arep nulungi Sugriwa males ukum marang Subali. Sugriwa,
Raden Rama, lan Raden Lesmana tumuju dununge Resi Subali. Weruh Sugriwa, Subali
banjur nesu lan ngamuk sakdadi-dadine. Subali lan Sugriwa perang lan padha
ngatonake kasektene. Sugriwa kalah banjur ditulungi Raden Rama. Raden Rama
perang tandhing kelawan Subali. Subali wis bisa dipateni Raden Rama, nanging
bisa urip meneh amarga Resi Subali kagungan ajian Pancasunya. Sapa kang duwe
ajian Pancasunya bakal urip meneh sauger awake bisa ngambah lemah.
Raden Rama banjur namakake pusakane panah
Guwawijaya dienerake pas jantunge Resi Subali. Ampuhe panah kuwi dhasi nggawa
awake Resi Subali nancep ing tebing saengga awake Resi Subali ora ngambah lemah
meneh. Resi Subali tumekaning pati. Sadurunge mati, Subali nitip garwane Dewi Tara
lan putrane Anggada marang Sugriwa. Sugriwa banjur dhaup kelawan Dewi Tara lan
dijumenengake nata ing Keraton Guwa Kiskenda jejuluk Prabu Sugriwa. Minangka
rasa matur nuwune, Prabu Sugriwa sumpah arep mbiyantu sabisa-bisane amrih Raden
Rama bisa mboyong mulih Dewi Sinta saka regemane Rahwana.
Anoman
Duta
Kacarita Dewi Sinta, wanodya sing ayu rupane,
kasil kadhustha dening Rahwana ya Dasamuka diboyong menyang Keraton Ngalengka.
Dewi Sinta dipapanake ing Taman Kaputren Argasoka. Sang Dewi ora kersa dhahar
lan ngunjuk, mulane badane kuru aking. Rambute kang dawa katon kaya gimbal
amarga suwe ora siram. Kabeh iku katindakake supaya Rahwana ora kayungyun maneh
marang Dewi Sinta. Lunga menyang ngendi wae, Dewi Sinta tansah nyangking
cundrik utawa keris cilik kanggo njaga kaslametane. Sawektu-wektu Rahwana
nggadho ati lan arep ngrudapeksa, Sinta bakal mati suduk salira nganggo cundrik
mau.
Kacarita, Sri Ramawijaya minangka garwane Dewi
Sinta rumangsa kuciwa penggalihe. Saben dina prasasat ora kolu dhahar, ora
pules anggone sare, amarga mikirake sang prameswari. Sri Ramawijaya wis
jumeneng ratu ing Keraton Pancawati jejuluk Prabu Ramawijaya. Prabu Ramawijaya
dibiyantu dening ratune bangsa wanara kang jejuluk Prabu Sugriwa ing Keraton
Guwa Kiskenda. Prabu Ramawijaya ngutus Anoman supaya golek sisik melik ngenani
kahanane Dewi Sinta ing Negara Alengka. Sadurunge Anoman mangkat, Anggada
njaluk supaya dheweke sing dadi duta. Amarga rebutan jejibahan kang mulya mau,
Anoman lan Anggada banjur gelut adu kekuwatan lan kasekten.
“He, sira sakloron lerena anggone padu.
Gatekna, Negara Alengka iku manggone ing tanah sabrang. Ratune uga kawentar
sekti mandraguna. Mula amrih adile, aku kudu nodhi kasektenmu.” ngendikane
Rama.
“Anoman, wangsulana pitakonku sepira suwene
wektu kira-kira bisa tekan Negara Alengka?” mangkono pitakone Rama marang
Anoman.
“Sedasa dinten kula sagah.” wangsulane Anoman
kanthi manteb.
“Kula saged pitung dinten.” wangsulane Anggada.
“Kula wantun gangsal dinten.” Anoman nyauri
kanthi sembada.
“Nggih sampun, kula wantun tigang dinten.”
panyaruwene Anggada.
“Yen wani nantang, aku wani sedina coba
lakonana.” mangkono panantange Anoman.
Pungkasane Anoman sing bisa menangake sayembara
kanthi bisa nyabrang Alengka kanthi wektu sedina. Kacarita Anoman nuli budhal
Alengka didherekake punakawan. Amrih bisa cepet tekan Negara Alengka, Punakawan
dilebokake kancing dening Anoman.
Kanthi wektu ora nganti sedina Anoman wis bisa
tekan Negara Alengka. Sawise Anoman mlebu ing Taman Keputren Argasoka, dheweke
banjur ndhelik ana ing wit nagasari. Dheweke weruh ana wanodya kuru aking.
Sawise dirasa aman banjur nemoni wanodya kasebut sing ora liya ya Dewi Sinta.
Ing kono Dewi Sinta dikancani Dewi Trijatha. Dewi Trijatha iku putrine Raden
Gunawan Wibisana. Dene Raden Gunawan Wibisana iku adhine Prabu Rahwana. Dewi
Trijatha didhawuhi Prabu Rahwana ngancani Dewi Sinta ing Taman Argasoka supaya
bisa ngarih-arih lan nglelipur Dewi Sinta. Sokur bisa gawe Dewi Sinta kabujuk
lan purun digarwa Prabu Rahwana.
“Sang Dewi, kula pun Anoman diutus Sang Rama kapurih ngajak kondur panjenengan.” ature Anoman.
“Sang Dewi, kula pun Anoman diutus Sang Rama kapurih ngajak kondur panjenengan.” ature Anoman.
“Aku ora ngandel yen sira iku utusane Kakang
Rama.”
“Menika minangka tandha bukti.” Anoman
ngaturake kalpika utawa ali-ali sotyaludira peparinge Prabu Rama marang Sang
Dewi.
Dheweke crita manawa utusane Rama, nanging
sadurunge rampung anggone crita, dumadakan prajurit Alengka teka ing Taman
Kaputren. Anoman kakepung dening Indrajid lan Patih Prahastha sawadyabalane.
Anoman tetandhingan kelawan Indrajid. Kekarone padha ngatonake gaman pusaka lan
kasektene, kekarone padha digdayane. Pungkasane Indrajid ngetokake pusaka panah
rante. Panah rante kasebut banjur nggubel awake Anoman. Anoman kasil karangket
banjur kasowanake marang Dasamuka.
Dasamuka duka. Anoman
banjur digawa menyang alun-alun, dibanda tangan lan sikile ing cagak banjur
arep diobong urip-uripan. Ananging Anoman ora kaya bocah cilik sing gampang
dibodhoni, Anoman duwe kasekten kang ngedab-edabi. Anoman bisa mabur uwal saka
geni. Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandraguna lan malah mencolot
sadhuwure keraton. Omah, wewangunan liyane, lan wit-witan kang diencoki Anoman
kabeh kobong. Keraton Ngalengka sing maune apik, asri, saiki dadi segara geni.
Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake para prajurit supaya nyekel Anoman. Nanging
Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran marang Prabu Rama.
No comments:
Post a Comment