Monday, August 19, 2019

Bagas Bocah Sumeh Perangan 1

Dina kuwi, kaya adat sabene bareng krungu adzan Subuh Bagas tangi turu. Bagas nyawang jam wis nuduhake jam setengah lima. Isih kathokan cekak, kaosan, lan sandhalan japit, Bagas nyangking sarung sarta nganggo kupluk tumuju langgar sing ora adoh saka omahe. Isih karo ongap-angop Bagas olehe mlaku karo mripate dilek-lekake. Angin semribit kang tumiyup lan hawa atis, dhasare lagi mangsa ketiga, ora gawe Bagas wegah menyat saperlu nindakake kewajiban sholat Subuh.
Senajan banyune atis kaya es, Bagas tetep wudlu kanggo nindakake ngibadah sholat. Bagas sarungan, kuplukan, melu pujiyan ing langgar. Ora suwe, Kang Basir iqomat, amarga Mbah Dullah wis rampung anggone sholat qobliyah.
Rampung wiridan sawuse sholat subuh, Bagas mulih. Sarung lan kupluke diuculi. Bagas wis ndalan pagaweyane saben esuk. Tekan omah dheweke banjur nimpal, rehning Pak Solikin, bapake Bagas, iku ngopeni sapi loro cacahe. Bagas iku anak barep, isih lungguh ing kelas 7, nduweni adhi, jenenge Riyani kang isih kelas 1 SD.
Bubar nimpal, Bagas banjur wisuh sisan adus. Rampung adus, sarapan wis mateng. Riyani lagi tangi, banjur didusi ibune. Bagas salin sragam sekolah banjur sarapan. Rampung sarapan, Bagas tata-tata. Sepatune dienggo, nyangklong tas, banjur pamit, salim karo ibune, bapake wis makarya ing sawah.
Sepedhane ditumpaki, diolahi, njur budhal menyang sekolahan. Lagi tekan prapatan wetan omahe, dheweke pethuk pak dhene. Bagas mudhun saka sepedhane, banjur salim. Saben ketemu karo tanggane, Bagas tansah sumeh lan aruh-aruh, ora ketang mung nyapa, "Pak" utawa "Buk". Amarga kalebu bocah sing sumeh tur blater, akeh wong sing seneng lan nggunemake kabecikane.
Cerita kuwi aweh pitutur supaya kita kabeh dadi wong sing sregep ngibadah, bekti marang wong tuwa, ora wegah marang gawean omah, ora aleman, sumeh tur blater ing pasrawungan lan urip bebrayan.

No comments:

Post a Comment